Bocah-Bocah kang Lair Tanpa Katresnan
Tirta Nursari
Ana netra kang alum, nalika tangis pecah ing tengah wengi
tan ana astaning ibu kang ngrengkuh kanthi angeting kalbu
Kembang kang isih kuncup, alum ing taman tanpa ganda
Nalika pasangan ambyur ing blumbangan dosa
Mijil winih tanpa pangajab
kembang thukul tanpa warna
kalangan klawuning pedhut
Bocah-bocah kang lair tanpa katresnan
ing dhadha tansah andum dedonga,
Muga ana wayah baskara sumunar,
lan sewu donga kaijabah dening Gusti kang Maha Welas lan Asih
Ungaran, 5 Januari 2025
Tirta Nursari
Kabeh kang Wus Ginaris
Jagad iki, Kakangmas, pancene jembar
ora mung sak godhong kelor
Ananging obahe wus ginaris
Miturut pepesten Gusti
Kayadene nalika sliraku lan panjenengan
Pitepangan banjur pitepungan
Ananging lesus gawe prahara
Gegodhongan lan kembang-kembang
Ucul saka pang-pange lan dadi runtah
Mabur sumebar tan kena tinimbalan
Lan kabeh pangajab, bubrah
Omah Talun, 5 Januari 2025