Published On: 25 March 2025Categories: Puisi

Nalika Jagad Asung Panjurung
Tirta Nursari

 

Wengi Iki rembulan ndadari
Tembang pangalembana hangengidung
Maruta ngirim gandaning mlathi
tumuju marang mudha mudhi kang lagi andum kasmaran

Ing sajroning senthong
Kang korine rapet kinunci
Sawise ijab kabul kaucap
njero senthong dadi wewadi

ing njaba, dara-dara andum donga
Mestakung
Nalika jagad asung panjurung

Bergas, 24 Desember 2025

 

 

Mawar kang Rinengkuh Ri

Tirta Nursari

 

Gurit Iki kanggo sliramu
Pawongan kang ngreridhu netra lan kalbu
Nalika bagaskara sansaya layung
angin sumilir
udan riwis-riwis
Ing kene, sajroning senthong kang kang mataun-taun kori lan jendhelane kakunci rapet-rapet
ana atur kang ora bisa den walakake

Ana kidung asung sasmita
Kidung iki alon-alon nggodha pangrungu
Kidung iki alon-alon gregetake kalbu
Kidung iki alon-alon sangsaya weh pawarta
babagan wuyung sartane tembang kapang

Marang sliramu, aku kang bakal dadi mawar kang tansah rinengkuh dening rimu

Bergas, 25 Desember 2024